Naskah
Babad Kadhiri karyane MNg Poerbawidjaja lan dirampungake dening MNg
Mangoenwidjaja ing Wonogiri lan dibabar dening Boekhandel Tan Khoen Swie Kediri
taun 1932 mujudake naskah kang ngandhut sujarah lan uga ngandhut crita kang
asipat fiksi.
Taun
2008 kapungkur, naskah Babad Kadhiri dibabar maneh dening Boekhandel Tan Khoen
Swie. Ing buku weton anyar iki perangan ngarep tinulis ing aksara Latin nganggo
basa Indonesia, dene ing mburi sinartan naskah sing tinulis ing aksara Jawa.
Buku
weton taun 2008 iki tetep tinulis minangka anggitane MNg Poerbawidjaja lan MNg
Mangoenwidjaja. Ing buku iki diriwayatake, MNg Poerbawidjaja nampa prentah saka
panguwasa pamarentah kolonial Walanda supaya nglacak sujarah hadege Kutha
Kediri utawa Nagari Kadhiri.
Kanthi
pambiyantune Ki Dermakandha, sawijining dhalang wayang klithik, lan panabuh
gamelan sing jenenge Sondhong, MNg Poerbawidjaja kasil nyathet wawangunem
antarane Ki Dermakandha lan Ki Buta Locaya (Kyai Daha) sing mrasuk ing ragane
Sondhong.
Asil
wawangunem antarane Ki Dermakandha lan Ki Buta Locaya sing mujudake titah alus
kuwi mau sabanjure disampurnakake dening MNg Mangoenwidjaja lan dianggit dadi
naskah Babad Kadhiri.
Yen
njingglengi kawitan panganggite naskah Babad Kadhiri sing nggunakake sumber
andharan saka sawijining titah alus sing jenenge Ki Buta Locaya, tumrap nalar
jaman modheren pancen bakal nuwuhake pambiji yen naskah Babad Kadhiri iki
kapetung naskah sing ora tinemu nalar.
Prof
Dr Edi Sedyawati, guru besar Fakultas Sastra Universitas Indonesia, ing
purwakaning buku Babad Kadhiri weton Boekhandel Tan Khoen Swie taun 2008
nelakake yen naskah sing dianggep minangka “sujarah” hadege Kutha Kadhiri iki
pancen ngemot bab sing wor suh, kepara cengkah karo nalar.
Naskah iki bisa dianggep minangka karya sujarah sing kudu didunungake minangka karya fiksi. Nanging bisa uga didunungake minangka cathetan kedadeyan lan pangeling-eling jaman kawuri sing temen-temen kedadeyan.
Naskah iki bisa dianggep minangka karya sujarah sing kudu didunungake minangka karya fiksi. Nanging bisa uga didunungake minangka cathetan kedadeyan lan pangeling-eling jaman kawuri sing temen-temen kedadeyan.
Kanthi
mangkono tumrap saperangan paramaos, naskah Babad Kadhiri bisa dianggep
minangka crita fiksi, asil karangan. Ananging tumrap saperangan pamaos liyane
bisa dianggep minangka kronik sujarah. Panganggep iki bisa wae tuwuh saka
tembung “babad” ing irah-irahane naskah.
Nanging ing kolofon teks naskah iki nyebut minangka crita pedhalangan. Iki nuduhake yen apa sing dicritakake pancen mung wates rekan utawa karangan. Dene sumber critane uga bisa dianggep minangka wates rekan utawa karangan.
Nanging ing kolofon teks naskah iki nyebut minangka crita pedhalangan. Iki nuduhake yen apa sing dicritakake pancen mung wates rekan utawa karangan. Dene sumber critane uga bisa dianggep minangka wates rekan utawa karangan.
Ngemot
crita kang wus kababar ing naskah sing luwih tuwa
Yen
ditliti kanthi permati naskah Babad Kadhiri cetha yen asumber budaya lisan.
Nanging ing isine naskah uga katon yen njupuk sumber saka naskah utawa teks
liya.
Ana sesambungan antarane teks siji lan sijine ing Babad Kadhiri.
Ana sesambungan antarane teks siji lan sijine ing Babad Kadhiri.
Ing
antarane naskah utawa teks sing sinebut minangka sumber yakuwi Serat Aji
Pamasa, Serat Jangka Jayabaya lan Babad Tanah Jawi. Uga ana liyane sing
kasebut, yakuwi Serat Jayakusuma. Serat Sastramiruda uga sinebut ing Babad
Kadhiri kanthi paraga sing duwe gelar Panji.
Ing
pungkasan karyane, Mangoenwidjaja nelakake yen Babad Kadhiri lan buku
sambungane, Kalam Wadi, minangka “cariyos pedhalangan”. Saengga ing kana kene
bisa ora cocog kalawan naskah sing wus luwih dhisik dimangerteni bebrayan agung,
yakuwi Pustaka Raja, Babad Tanah Jawi lan Babad Demak.
Maca
Babad Kadhiri kudu tanpa sinartan karep kanggo ngudi bebener asal usule papan
kadidene pangerten ing ilmu sujarah. Babad Kadhiri mung bisa ditegesi minangka
perkara wewangunan budaya. Utawa bisa uga kanggo ndhudhah perkara ing wewengkon
budaya.
Ing
perangan liya ana panganggep yen Babad Kadhiri tetep bisa didunungake minangka
tilasing sujarah sing ditinggalake dening bebrayan agung Jawa kanthi basa lan
cara mikir sing mligi, kebak cangkriman lan kadhangkala cengkah kalawan nalar
wong sing urip ing jaman modheren.
Kanthi
mangkono, naskah Babad Kadhiri pancen karyane MNg Poerbawidjaja lan MNg
Mangoenwidjaja, nanging intine crita sing dibabar wus ana lan lestari ing crita
pedhalangan sing wus dudu barang aneh tumrap para “kawula”.
MNg
Poerbawidjaja bisa ditegesi mung wates ngimpun lan nulis tilasing sujarah
hadege Kadhiri sing wus direkam ing kalangan “kawula” ing wujud crita
asal-usule sawijining desa (aetiologi), dhudhahan sawijining aran utawa jeneng
(hermeneutika), legenda, mitos, crita rakyat lan crita babad sing sabanjure
diracik dadi Serat Babad Kadhiri.
Paraga
Buta Locaya sing sinebut minangka sing njaga lan ngreksa tlatah Kediri kanyata
ora mung kasebut ing Babad Kadhiri. Jeneng Buta Locaya uga sinebut ing naskah
kuna Kidung Purwajati sing ngemot jeneng-jenenge ratu jin panguwasa Pulo Jawa.
Kanthi
mangkono ana dudutan yen jeneng Buta Locaya kuwi dudu karangane MNg
Poerbawidjaja, amarga wus dikenal ing naskah sing luwih tuwa. Crita babagan Krajan
Medhangkamulan sing dikuwasani dening Prabu Sindhula kang nurunake Dewata
Cengkar uga ora mung kaemot ing Babad Kadhiri.
Lelakon
uripe Sri Jentayu memper lelakon uripe Airlangga
Crita
babagan Krajan Medhangkamulan sadurunge wus kaemot ing Serat Kandha, Babad
Tanah Jawi, Babad Sangkala lan naskah-naskah kuna Cirebonan.
Mangkono
uga babagan critane leluhuring para raja kang lair saka limang sedulur Prabu
Among Tani, Sandhang Garba, Karung Kala, Petung Malaras lan Sri Sendayu
mujudake jeneng-jeneng kuna sing cinathet ing tradhisi naskah raja-raja Jawa
lan Sunda, kayadene kang bisa diprangguli ing naskah kuna Carita Parahyangan,
Babad Tanah Jawi, Sejarah Dalem, Serat Kandha lan sapiturute.
Sing
kapetung narik kawigaten ing Serat Babad Kadhiri yakuwi gegayutan Prabu Sri
Jentayu sing duwe anak cacah lima. Yakuwi Rara Suciwanungsanya, Raden Lembu
Amiluhur, Raden Lembu Amerdadu, Raden Lembu Pangarang lan Raden Lembu Amerjaya.
Rara
Suciwaningsanya ngucap sumpah ora gelem urip bebrayan karo priya lan luwih
seneng mertapa. Raden Lembu Amiluhur jumeneng nata ing Jenggala jejuluk Prabu
Dewakusuma.Raden Lembu Amerdadu jumeneng nata ing Daha jejuluk Prabu
Pujaningrat. Raden Lembu Pangarang jumeneng nata ing Ngurawan jejuluk Prabu
Pujadewa lan Raden Lembu Amerjaya jumeneng nata ing Panaraga jejuluk Prabu
Pujakusuma.
Perangan
iki narik kawigaten jalaran Sri Jentayu kuwi jeneng enome Airlangga nalika
mundur saka dhampar keprabon lan madeg pandhita. Anak wadon pambarepe Sri
Jentayu sing jenenge Rara Suciwanungsanya, sing uga madeg pandhita lan ora urip
bebrayan kalawan priya, padha karo anak wadon pambarepe Airlangga sing dadi
Biksuni Kilisuci, yakuwi Sanggramawijaya Dharmaprasada Utunggadewi.
Dene
anak nomer lorone Sri Jentayu sing jenenge Raden Lembu Amiluhur lan jumeneng nata
ing Jenggala jejuluk Prabu Dewakusuma, memper karo anak nomer lorone Airlangga
sing jumeneng nata ing Jenggala, yakuwi Sri Samarakarma Mapanji Garasakan.
Dene
anak nomer telune Sri Jentayu sing jumeneng nata ing Daha jejuluk Prabu
Pujaningrat, memper karo anak nomer telune Airlangga sing jumeneng nata ing
Daha, yakuwi Sri Samarawijaya Dharmasuparnawahana Tguh Uttunggadewa. Anak nomer
papate Sri Jentayu sing jumeneng nata ing Ngurawan jejuluk Prabu Pujadewa
memper anak nomer papate Airlangga sing jumeneng nata ing Gelang-gelang, yakuwi
Sri Maharaja Alanjung Ayes sing sabanjure dadi raja ing Jenggala.
Lan
anak nomer limane Sri Jentayu sing jumeneng nata ing Panaraga jejuluk Prabu
Pujakusuma, memper anak nomer limane Airlangga sing dadi raja ing Wengker, yakuwi
Sri Jayawarsa Digjayasashtraprabhu. Mempere jeneng lan kedadeyan kang tinulis
ing Babad Kadhiri ora mung wates mbeneri, ananging bisa dipindeng minangka
perangane ”tilas sujarah” sing bisa dilacak saka adate kawula sing kerep
nyampur antarane kedadeyan sujarah, legenda, dongeng asal-usule papan, mitos,
gugon tuhon sing adhakan lelandhesan othak-athik gathuk.
Ana
telung jinis Serat Jayabaya utawa Jangka Jayabaya
Ing
andharan bab legenda Kediri sing dadi perangan kawitan ing Babad Kadhiri
dicritakake menawa Buta Locaya mbabar andharan babagan dumadine tlatah Kediri.
Miturut
Bota Locaya sing micara lumantar ragane Sondhong lan banjur wawangunem kalawan
Ki Dermakandha sing memba-memba dadi MNg Poerbawidjaja, ya dheweke kuwi sing
ngawiti mbabat alas mbukak tlatah Kediri.
Sadurunge
dadi titah alus sing nguwasani tlatah Kediri nganti saiki, Buta Locaya kuwi
manungsa lumrah sing jenenge Kyai Daha. Kyai Daha duwe sedulur sing jenenge
Kyai Daka. Wong loro iki bebarengan mbabat alas ing cedhake Kali Kediri utawa Kali
Brantas kanthi tujuwan arep didadekake papan dunung.
Sabanjure
wong loro iki ditekani Sang Hyang Wisnu kang medhar sabda arep ngejawabtah dadi
manungsa lan arep jumeneng nata ing papan ding digawe dening Kyai Daha lan Kyai
Daka kuwi. Wusana Sang Hyang Wisnu ngejawantah lan jumeneng nata ing Kediri
jejuluk Prabu Sri Aji Jayabaya.
Nalika
kuwi Sang Hyang Wisnu paring jejibahan marang Kyai Daha supaya ngreksa tlatah
Kediri saklawase. Yen Kyai Daha wus tumekaning janji, dheweke bakal moksa lan
malih wujud dadi titah alus sing bakal njaga tlatah Kediri saklawase lan salin
jeneng dadi Buta Locaya. Dene sedulure, Kyai Daka, sinengkakake ngaluhur dadi
senapati kanthi jejuluk Kyai Tunggul Wulung. Jeneng Kyai Daka wusana didadekake
arane desa, yakuwi desa Daka.
Miturut
katrangan ing Kitab Ajipamasa sing sepisanan dadi raja ing Mamenang (Kediri)
yakuwi Prabu Gendrayana. Raja Kediri sepisanan iki duwe anak Prabu Aji
Jayabaya, panjilmane Bathara Wisnu, dadi dudu Wisnu sing ngejawantah.
Dununga
Krajan Kediri kuwi ing sawetane Bengawan lan sinebut Mamenang utawa Daha.
Mamemang kuwi arane sawijining krajan. Dene Daha kuwi arane sawijining tlatah,
dhaerah utawa nagari. Sinebut Mamenang jalaran nalika kuwi pancen mujudake
negara sing tansah menangan. Prabu Jayabaya kondhang ing tanah Jawa lan gedhe
perbawane tumrap raja-raja ing Jawa.
Prabu
Aji Jayabaya duwe anak wadon sing jenenge Mas Ratu Pagedhongan. Sang Prabu lan
anake wadon kerep nglelipir dhiri ing pesanggrahan Wanacatur. Saben tumeka ing
Wanacatur, Sang Prabu Jayabaya ora tau mangan sega, nanging mung wates mangan
bubur pathi kunir lan temu lawak. Dene para abdi dalem mangan sega jagung. Sang
Prabu uga ora tau mangan daging kewan lan iwak loh apadene iwak laut.
Hamula
kuwi ing kidul wetan Kutha Mamenang ana desa sing arane Desa Kunir lan Desa
Lawak jalaran desa kuwi ngasilake pametu sing dadi kekaremane Sang Prabu
Jayabaya, yakuwi kunir lan temu lawak. Miturut Ki Buta Locaya, Sang Prabu
Jayabaya iki sing nganggit Jangka Jayabaya utawa Serat Jayabaya.
Tilas
Krajan Mamenang musna jalaran kurugan lahar
Serat
Jayabaya ana telung jinis. Sepisan, anggitane Syeh Sebaki utawa Syekh Subakir,
utusane Sang Prabu Ngerum utawa Hadramaut kang menehi tumbal tanah Jawa lan
dipasang ing Gunung Tidar, Magelang.
Kaloro,
Serat Jayabaya anggitane Prabu Jayabaya sing uga kondhang kanthi sebutan Serat
Jayabaya utawa Jangka Jayabaya.
Lan
sing katelu, anggitane Pangeran Banjaransari, ratu Jenggala sing sabanjure
pindhah ing Krajan Galuh. Anggitane Pangeran Banjaransari iki sinebut Surat
Jayabaya, jalaran antarane Prabu Jayabaya lan Pangeran Banjaransari kuwi
sejatine padha. Pangeran Banjaransari kuwi titisane Prabu Jayabaya.
Sawise
ganti ratu kaping pitu, sing jumeneng nata yakuwi Raja Sindhula. Raja iku moksa
lan diganti Prabu Dewata Cengkar. Sabanjure digenteni dening Ajisaka, raja sing
ora ana sesambungan trah kalawan raja-raja sadurunge.
Ajisaka nguwasani Krajan Mendang Kamulan sasuwene telung taun. Krajan iki banjur dikuwasani dening Raden Daniswara, anake Dewata Cengkar, sing sabanjure jejuluk Prabu Kaskaya utawa Prabu Maha Punggung.
Ajisaka nguwasani Krajan Mendang Kamulan sasuwene telung taun. Krajan iki banjur dikuwasani dening Raden Daniswara, anake Dewata Cengkar, sing sabanjure jejuluk Prabu Kaskaya utawa Prabu Maha Punggung.
Sabanjure
digenteni dening anake, Prbau Kalapa Gadhing. Sing nggenteni Prabu Kalapa
Gadhing yakuwi Prabu Mundingwangi, digenteni maneh dening paneruse, Prabu
Mundingsari. Nalika umure krajan Mendang Kamulan 120 taun, ditelukake dening
Prabu Prawatasari, raja negara Prambanan sing isih ana sesambungan trah kalawan
Prabu Mundingwangi.
Krajan
banjur dipindhah menyang Prambanan. Ing Mamenang (Kediri) mung ana adipati sing
dedunung ing Panjer. Krajan Mamenang ora ninggalake tilas jalaran, miturut Ki
Buta Lacaya, nalika wawangunem kalawan Ki Dermakandha, wus kurugan lahar sing
asale saka Gunung Kelud.
Tilas
Krajan Mamemang sing bisa kawruhan hamung candhi cacah papat asil karyane Prabu
Jayabaya. Candhi cacah papat kuwi yaiku candhi ing Desa Prundung, candhi ing
Desa Tegowangi, candhi ing Desa Surawana lan candhi Arcakuda ing Desa Bogem.
Candhi Arcakuda ing Desa Bogem iki ngemot pralambang tinamtu.
Prabu
Jayabaya nggawe candhi arupa patung jaran sing endhase loro minangka pralambang
negara Jawa. Bogem ateges papane mas-masan lan inten barlean. Patung jarane
diwenehi plangkan under kang ateges larangan, pepacuh. Jaran tanpa dlamakan
sikil ateges tanpa wewaton. Endhas loro ateges ora jumbuh, karepe ing dina
tembe wong-wong wadon ing papan kono ora setya marang priya sisihane. Mangkono
uga para priyane.
Saka
lelakone Dewi Sekartaji nganti madege krajan Islam Demak
Babagan
kadipaten Panjer dicritakake nalika adipati Panjer sepisanan mrentah ing
Panjer, duwe kekareman adu pitik. Sawijining dina nalika rame-ramene kalangan
adu pitik ing pendhapa kadipaten, ana salah sijine pasarta sing jenenge Gendam
Asmarandana, asale saka Desa Jalas.
Gendam
Asmarandana sing pancen bagus rupane kuwi wusana ndadekake para wanita
kayungyun, kalebu Nyai Adipati Panjer. Nyai Adipati sing weruh baguse Gendam
Asmarandana uga melu-melu kayungyun. Kuwi ndadekake nesunya Adipati Panjer.
Nalika Adipati Panjer sing nesu kuwi arep merjaya Gendam Asmarandana kanthi
kerise, Gendam Asmarandana kasil endha lan suwalike kasil nyabetake pedhange
ngenani bangkekane Adipati Panjer.
Adipati
Panjer sing kelaran banjur mlayu tumuju Sendhang Kalasan sing duwe kasiyat bisa
nambani kabeh lelara. Nanging durung nganti tekan sendhang kasil disusul dening
Gendam Asmarandana lan wusana mati. Gendam Asmarandana sing weruh Adipati
Panjer mati banjur mlayu tumuju omahe nanging dioyak dening wong akeh. Gendam
Asmarandana sing keweden banjur njegur ing Sendhang Kalasan.
Wong-wong
sing padha melu njegur ing sendhang, kepara ana sing nyilem barang, tetep ora
kasil nyekel Gendam Asmarandana. Wong-wong ngira yen Gendam Asmarandana wus
malih dadi danyang sing manggon ing sendhang kuwi. Sabanjure kanggo
ngeling-eling kedadeyan kuwi digawe pepethan saka watu sing ditengeri kanthi
aran Smaradana, mapan ing Desa Panjer.
Negara
Daha sing dumunung ing sisih kulone Kali Brantas, ing wetane Desa Klotok lan
Geneng banjur salin aran dadi negara Kediri. Miturut andharane Ki Buta Locaya,
nalika kuwi sing dianggep dadi sesepuhe tlatah Pulo Jawa yakuwi Pandhita Rara
Suciwanungsaya utawa Dewi Kilisuci.
Dewi
Kilisuci mujudake wanita sing ora ngalami nggarapsari utawa sinebut kedhi. Lan
Dewi Kilisuci uga mujudake wanita sing mandhireng lan kuwawa ngrampungake
jejibahan lan gaweyan apa wae tanpa pitulungane liyan. Ing budaya Jawa pawongan
sing mangkene iki sinebut dhiri.
Wanita
ing tlatah Kediri, miturut gotheking wong akeh, padha niru pribadine Dewi
Kilisuci. Akeh wanita Kediri sing rumangsa dhiri, rumangsa kuwawa ngrampungi
jejibahan lan gaweyan apa wae. Kalebu gaweyan lan jejibahane priya. Nanging
sing ditiru mung wates sikep dhiri-ne, yakuwi sikep angkuh, adigang, adigung
lan adiguna.
Sing
ditiru dudu pribadine Dewi Kilisuci sing luhur, lila legawa ngorbanake kadonyan
lan dadi pandhita kang suci lair batin. Sabanjure sing seneng niru tumindak lan
pribadine Dewi Kilisuci kuwi ora mung para wanitane, nanging ora sithik priya
Kediri sing uga tiru-tiru dadi umuk, angkuh dan dhiri, nanging dhiri-ne wanita.
Hamula,
saben ana paprangan, yen sing nantang perang kuwi wong Kediri, wong Kediri
mesthi menang. Nanging yen wong njaban Kediri sing ngrabasa utawa nantang luwih
dhisik, wong Kediri lumrahe bakal kalah.
Sabanjure
dicritakake lelakon antarane Dewi Kilisuci, Dewi Sekartaji, Raden Panji Inu
Kertapati lan kaanan Krajan Kediri lan Jenggala. Crita roman iki wus menjila
dadi crita klasik ing budaya Jawa. Kepara nganti saiki isih lestari ing wujud
wayang beber, kacihna wayang bebere dhewe prasasat wus nyedhaki musna.
Ing
perangan pungkasan Babad Kadhiri dicritakake surute Krajan Majapahit nalika
dirabasa dening Raden Patah sing sabanjure jumeneng nata ing Demak. Miturut
andharan ing Babad Kadhiri, wiwit madege Krajan Demak engga Pajang,
panguwasaning krajan ora gelem nampa wulang agama Budha. Kabeh buku kang isi
wulang agama Budha mesthi diobong nganti musna.
Nalika
madeg Krajan Mataram, wulang agama Budha bisa urip maneh ing madyaning bebrayan
agung Jawa. Lan ing jaman kuwi, ana kupiya nglumpukake naskah-naskah kuna kang
banjur dipasrahake marang para pujangga. Sabanjure para pujangga kuwi sing
nganggit naskah-naskah anyar lelandhesan naskah-naskah kuna sing banjur dadi
pakem utawa babad sing kawruhan dening generasi wong Jawa jaman saiki.
sumber : http://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/07/babad-kadhiri/
Tidak ada komentar :
Posting Komentar